Atur Pambagyaraharja



Tuladha Atur Pambagyaraharja Ngunduh Manten
Kawilujengan Katentreman saha karahayon ingkang Saking Gusti tansah kasalira dhumateng panjenengan sedaya
-      Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni
-      Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan
Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparing ni’mat saha berkahipun, panjenengan dalasan kula saget makempal manunggal, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya.
Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp. Sunaryo dalasan Ibu Anjani , ingkang pidalem ing Jogosuran, Surakarta hadiningrat, wonten kalenggahan punika kepareng matur :

Sepisan, bilih Bapa Ibu Sunaryo ngaturaken syukur dumateng ngarsanipun Gusti Ingakang Maha Kawasa, awit saking Berkahi-pun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra putrinipun ingkang sesulih Bagus Daniel Fajar Kristiyawan,  dhaup kaliyan Roro Desy Kurnaningtyas  putrinipun Bapa ...,  Saking karanganyar, jawi tengah.

Wondene pamberkatan dhaup uci sampun kalampahan dinten sabtu, surya kapin  6 Juli 2019, wanci  tabuh 09.00, Wekdal Indonesia Iring Kilen wonten Gereja Kristen Jawi Cangakan, karanganyar kanthi wilujeng nir ing sambikala.

Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu Sunaryo ngawontenaken Pahargyan prasaja minangka wujud syukur dumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Mirah.

Kaping Kalih, Bapa Ibu Sunaryo sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken sugeng rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang sampun kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dumateng Sri Penganten kekalih sumarambah dumateng sanak kadang sedaya.

Angka Tiga, Bapa Ibu Sunaryo ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para kadang taruna sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu, ingkang awujud puna kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah hajatipun.
Bapa Ibu Sunaryo mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya, pikantuk piwales sih kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti Ingkang Maha Mirah.

Kaping Sekawan, Bapa Ibu Sunaryo sakulawarga nedya nyuwun panjenengan sedaya kersa-a paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih sageda ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun dados kulawarga ingkang Bagya Mulya lahir batos, enggal pikantuk momongan, ugi penganten sekalian, mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan dumugining kaken ninen, rahayu widodo kalis ing sambikala.

Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.
Sinaosa Bapa Ibu Sunaryo sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi saestu, namung kasunyatan maksih kathah kekirangan lan nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih anggenipun mapanaken palenggahan saha caos bojakrama kirang nuju prana, kersa-a para tamu paring samodra pangaksami.

Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika mardikaning manah, sinambi hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun kasediya-aken, ugi sinambi midangetaken pasugatan arupi music organ Bp Timotius , ngantos purnaning pawiwahan.
Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.

Nuwun. Matur Nuwun
Wekdal kulo pasrahaken wangsul dhumateng Bapa Pambiwara

Comments

Popular Posts